Kerjakan soal berikut ini, kirim ke WA guru pengampu

Gatekno wacan iki kanggo mangsuli pitakonan ing ngisor

 

Jaman saiki gampang banget ana bencana. Udan sedhela wae ratan – ratan padha ngecembeng. Kadhang kala malah ndadekake banjir. Ora mung ratan, omah warga uga akeh sing klelep dipangan banyu.

Nalika wis kebacut kadadeyan, akeh pehak sing banjur padha nyuwara, ngonceki kananan, golek kaluputaning siji lan sijine. Jarene banjir utawa bencana iku dumadi amarga polah tingkahe manungsa dhewe sing dhemen mburu kasenengan lan butuhe dhewe. Upamane gampang banget negor wit – witan, mbabat alas nganti gundhul, tanpa gelem ngimbangi laku kanggo njaga larasing alam.

Dene wewangunan ing sawalike wujud buta lan geni mangalad-alad. Dadi pralambang nyata yen awake dewe tumindak angkara murka kaya sing digambarake dening sirah buta, kanthi ora njaga lestarining alam, negori wit sageleme dhewe, mung mburu butuhe dhewe tanpa nggatekake murih lestarine, mula bakal tuwuh gara – gara kang arupa prahara, udan salah mangsa, banjir, lemah jugrug, lemah dadi cengkar, ketiga dawa, sumber – sumber dadi asat, lan liya – liyane.

 

1.    Gegambarane gunung kang katon ijo royo – royo iku nandakake lemah ing wilayah kono mesthi....

a.       Atos

b.       Subur

c.       Akeh pasire

d.       Panas

e.       Akeh watune

2.    Umpamane ing gunung wis ora ono wit witane bakal ndadekake....

a.       Katon asri

b.       Wilayah adem

c.       Sumbere asat

d.       Longsor

e.       Banjir

3.    Kang diarani reboisasi yoiku....

a.       Negori wit – witan

b.       Ngobongi wit – witan

c.       Njeboli wit – witan

d.       Nandur wit – witan

e.       Taman rekreasi

4.    Kang diarani ilegal logging yaiku.....

a.       Negori wit – witan kang orah sah

b.       Paru – parune dunia

c.       Tanah longsor

d.       Banyu sumber asat

e.       Nandur wit – witan

5.    Gunung kang katon gundul ora ono wit-witane yeng mongso ketiga mesthi....

a.       Longsor

b.       Banjir

c.       Sumber pada mati

d.       Akeh banyu

e.       Penduduk sekitar pada seneng

6.    Tumindak angkara murka kaya kang digambarake ing gunungan pewayangan dilambangake kaya....

a.       Sirah buta

b.       Sirah celeng

c.       Sirah banteng

d.       Gambar macan

e.       Gambar ula

7.    Gambar gunungan kang katon gedhe ing isore lan saya munggah katon cilik mengku teges.....

a.       Sesrawungan

b.       Guyup rukun

c.       Kudu manembah marang gusti

d.       Saya adhem

e.       Saya dhuwur

8.    Murih lestarine gunung lan alam lingkungan gawa dampake marang.....

a.       Rusake gunung

b.       Ilange hawa seger

c.       Matine para kekewanan

d.       Ora ono tetanduran

e.       Katentreman marang sesama

9.    Kang diarani tebang pilih yaiku.....

a.       Negor wit – witan sakepenake dewe

b.       Nggenteni wit sing arep ditegor

c.       Golek kayu ing alas

d.       Ngobong wit – witan ing alas

e.       Illegal loging

10.Falsafah gunungan kuwi duweni teges, yaiku.....

a.       Gegambarane kahanan ndunyo saisine

b.       Kaya manungsa den interi

c.       Manungsa pada katon bingung

d.       Uripe kekewanan

e.       Wit – witan kang ora migunani