Kerjakan latihan soal berikut, kirim jawaban ke WA guru pengampu


Gatekno wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomor 1 nganti nomor 10

Mula mulanira, petungan taun kanggo wong jawa nganti tumapaking taun saka 1554 utawa 1633 M nggunakake petungan Syamsiah, yaiku  petungan mangsa pananggalan kang migunakake pathokan lakuning bumi ngubengi srengenge.

Ngancik taun anyar saka 1555, dening Sinuwun Sultan Agung petungan pranatan pananggalan diowahi migunakake pranatan Komariyah, yaiku adhedhasar mangsa lakuning rembulan ngubengi bumi.

Petungan penanggalan Jawa mau kawiwitan ing jaman Sinuwun Sultan Agung ngasta pusaraning praja (1613-1645), lan katemtokake dadi wiwitan pananggalan Jawa ing taun Saka 1555. Taun sepisanan kawiwitan taun Alip. Dene sasine kawiwitan sasi Sura.

1.    Kang mbedakno Tahun Saka 1555 utawa Tahun Masehi 1633, yaiku angka tahun.....

a.       1978

b.       1979

c.       1980

d.       1554

e.       1555

2.    Pathokan kang migunakake lakune bumi ngubengi srengenge, diarani pitungan....

a.       Sura

b.       Masehi

c.       Saka

d.       Syamsiyah

e.       Komariyah

3.    Pranathan Komariyah yaiku pitungan kang migunakake lakune.....

a.       Rembulan ngubengi jagad

b.       Rembulan ngubengi srengenge

c.       Rembulan ngubengi lintang

d.       Rembulan ngubengi bumi

e.       Rembulan ngubengi rembulan

4.    Pitungan penanggalan jawa kawiwitan ing jaman.....

a.       Sultan Agung tahun 1554

b.       Sultan Agung tahun 1555

c.       Sultan Agung  tahun 1613-1645

d.       Sultan Agung tahun 1613

e.       Sultan Agung tahun 1645

5.    Ing tahun Saka 1555 ditemtokake wiwitane penanggalan...

a.       Sultan Agung

b.       Jawa

c.       Komariyah

d.       Syamsiyah

e.       Ngayogyakarto

6.    Penanggalan Jawa diwiwiti tahun sepisanan yaiku tahun.....

a.       Dal

b.       Je

c.       Jimawal

d.       Ehe

e.       Alip

7.    Dene wulane tahun Jawa diwiwiti wulan.....

a.       Sura

b.       Sapar

c.       Mulud

d.       Bakda mulud

e.       Jumadil awal

8.    Alip, ehe, jimawal, je, dal, be, wawu lan jimakir diarani....

a.       Tahun Masehi

b.       Tahun Saka

c.       Tahun Jawa

d.       Pitungan Syamsiyah

e.       Pitungan Komariyah

9.    Pengertiane Windu yaiku diarani selane wektu.....

a.       4 tahun

b.       5 tahun

c.       6 tahun

d.       7 tahun

e.       8 tahun

10.Yen nurut pitungan syamsiyah gantine dino, yaiku....

a.       Jam 12 awan

b.       Jam 12 bengi

c.       Jam 6 sore

d.       Jam  6 isuk

e.       Antarane jam 6 nganti jam 12